Monday, October 30, 2006

P a r i k a n L e b a r a n







Gagal Mudik Ono Solusine
Numpak skuter gembos bane
Bocor alus gara-garane gembos
Gagal mudik ono solusine
Kirim parikan riyoyo gawe lego



Ayo Ngilangi Kesalahan
Gula jawa, tape ketan,
yen dipangan legi tenan
Dina riyaya ayo salam-salaman,
kanggo ngilangi kabeh kesalahan
Abu-abu dawa iku kawat
Yen wis reged ayo dilap
Ayo padha mangan kupat
Supaya riyaya luwih lengkap



Parikan dari Siswa
Juminten tuku kupat,
campur opor enak rasane.
Nyuwun ngapunten sedoyo lepat,
nglebur dosa resik atine.
Minal aidin wal faidzin,
Mohon maaf lahir dan batin



Duren Teko Londo
Tuku duren nang negara Landa
Dibuntel plastik ditaleni bolah
Mumpung saiki dina riyaya
Aku njaluk sepuro yen ono salah.
Lungguh dingklik maca koran
Koran diwaca halamane kabeh
Yen Ibu-ibu kundur Lebaran
Sampun kesupen ngasta oleh-oleh



Teri Ngombe Teh
Tuku kangkung nang Mojokerto,
mangan kripik campur ketela.
Mumpung isih wulan riyaya
Dina becik kanggo njaluk sepura
Iwak teri ngombe teh
Tuku gulo nang Wonokromo
Aku ngerti salahku akeh
Mula iku sepurane, ya



Kupat Lawuh Ayam
Dina Lebaran mangan kupat lawuh kare ayam
Lebaran dina Senin karo Selasa sing penting aman
Moga-moga kita tetap iman
Agama Islam dadi panutan
Mancing nang kali entuk iwak tombro
Dina Lebaran aku njaluk pangapura



Maaf-Maafan Gak Usah Malu
Tepung kanji, tepung terigu
Dibikin kue untuk tamu
Maaf-maafan gak usah malu
Mumpung usia masih berlaku
Jalan bareng ke Tunjungan
Makan Bakso diiringi lagu
Saling maaf di hari Lebaran
Tanpa harus pandang bulu


Sucikan Hati
Tong kosong isinya duri
Dibakar habis bara api
Jangan sombong jangan iri
Lebaran ini sucikan hati

2 comments:

nuuul said...

duh, rajin bikin kue lebaran

Lia said...

mbak rita ono ono wae mosok ono teri ngombe teh toh mbak he he
kadosnipun kulo nggeh nuwun sepurone lek akeh salahe